Saturday, January 26, 2013

Sesosok Manusia Tenes!

Tanggal 20 November 2011, kui tanggal sek terkenang lek nggo aku ro manusia tenes. ndisikke kabeh berawal seko MOS! haha lucu ra? nek lucu yo gek ngguyu. Nah, awale ki yo aku mikerke de'e nang omah pas bar ngemos. karang de'e tak dadekke sekretaris mbiyen kelas 7. Mumpung ono modem, aku mbukak Fb dab! tak goleki jenenge cah siji mau. Jebule ono! yowes tak add :3 tak tunggu-tunggu, le ngonfirm ki rong minggunan po yo nek ra salah-,- yowes njuk tak inbox:)) nah seko July tekan November kui tak bribik seko inbox Fb. karang de'e randuwe handphone, mergane disita karang sok dibantingi. lhayowes, aku njuk nembak pas tanggal apik kui. wagu yo dab le nembak seko Inbox Fb wkw. tapi kui berkesan, mbasan selot sue selot sue sok ktmu ro reva njuk tak baleni nembak e haha. yo maklum aku kan iseh polos:( Nah! Februari, ulang tahunku dab, kui dino Rebo. Pas aku latian LPI kae lho. teko-teko ono kado nang tasku Dab! yowes nang omah tak bukak, jebul seko cah kui:3 ono kertas muni ngene "selamat ulang tahun Mas Abi! Maaf ya, cuman bisa kasih ini." haha isine opo jal Dab? isine ki Munyuk lagi ngempeng wkw. tekan saiki kui munyuk iseh tememplek nang jendelo kamar Dab! Nah bar kui ono kerenggangan sek ra wajar! Si manusia tenes mendua, aku yo tak sadar mendua wkw. tapi alhamdulillah, njuk iso balikan meneh tekan saiki. aku ngekeki gelang couple, tondho nek manusia tenes wekku, terus aku wekke manusia tenes. Saiki, aku bahagia karo kae lan mugo-mugo kae yo bahagia ro aku. tapi..... de'e iseh sayang ro mantane Dab:( Terus aku kudu pie hajal? Hurooohhh:D alah rapopo, nek manusia tenes seneng aku yo seneng kok *le omong ra ikhlas* selot sue rak yo de'e ngerti nek aku sek bener nggo de'e, karang arepo aku ki rupo brutal tapi cintaku ora nakal:3 Aku mohon donga yo Dab, men manusia tenes ngerti nek aku pengen de'e berubah.

Nek do pengen ngerti sesosok manusia tenes tak ke'i alamat e tapi ojo dibribik! wani mbribik wani gelut ro anakke bambang lho! luwweeehh:p iki ki alamate, mlebuo wae jalan kemiri terus nglewati jembatan. bar ono jembatan ki ono gang ngiri. nanh menggok ngiri kono kui terus menggok nganan nlusuri aspalan mau. ora adoh ono omah apik warna oren kiri jalan. nah kono kui nggone bidadari kecilku lho, kono kui tukang pemberi semangat nggo aku:3 pokokmen, nyuwun donga men langgeng:3 *poke @chesarevay :D


Friday, January 25, 2013

MUFC SQUAD 2012/2013


Skuad Terbaru Machester United Musim 2012-2013


Kiper :
  1. David de Gea
34. Anders Lindegaard

Bek :
3. Patrice Evra
4. Phil Jones
5. Rio Ferdinand
6. Jonny Evans
12. Chris Smalling
15. Nemanja Vidic
  2. Rafael
27. Buttner

Tengah :
23. Tom Cleverley
24. Darren Fletcher
25. Antonio Valencia
22. Paul Scholes
26. Shinji Kagawa
37. Robert Brady
46. Ryan Tunnicliffe
8. Anderson
11. Ryan Giggs
16. Michael Carrick
17. Nani
18. Ashley Young

Striker :
10. Wayne Rooney
11. Robin van Persie
14. Chicharito
19 .Danny Welbeck
33. Bebe
25.Nick Powell


Nah, iki mau Skuad atau Daftar Pemain Manchester United Musim 2012-2013. Semoga ada amunisi lagi yang masuk musim depan!

WELCOME DAB!

Halo Dab! Iki blogku Dab. 
Aku iseh amatiran, lagi entas mlethek seko watu! Pokokke suwun nggo Mas po Mbak sing wes mlebu nang blogku.
 Osak-asik! \m/